Selasa, 21 Desember 2010

LAYANGAN (Crito boso jowo Pekalongan)

Nggal mongso ketigo jaman mbiyek kegiatane wong Pekalongan mesti ora adoh soko dolanan out door, ora tuwo, ora enom, ora bocah, nek wayah sore kabeh koyo tumplek blek ning plataran utowo lapangan, opo meneh yang usum liburan sekolah. Salah sijinee dolanan sing dadi favourite yo dolanan layangan. Opo meneh jaman mbiyek khan ora ono dolanan sing macem-macem sing luwih menarik minate cah-cah. Ora kepanasen, ora kringeten, lan ora reget, wis pokok angler kae si. Main PS nang omah opo nang rental sing ber AC, utowo browsing internet lan-liya-liyane. Jaman mbiyek sing disebut nang crito iki yo sak durunge tahun 80 an awal.

Main layangan memang koyo-koyone dolanan sing paling merakyat wektu kuwi. Dari mulai cah-cah cilik sing mung nggo sekedar dolanan tok, nganti sing kanggo lomba. Nek cah-cah cilik dolanan layangan biasane nganggo layangan sing ono buntute, buntut iku disamping gunane nggo keseimbangane layangan, ugo nggo tondo karo liyane bahwa layangan iku ora melu nggo sangkutan. Layangan nek ono buntute berarti ora keno di sangkut utowo dilawan, iku aturane, ora tertulis si tapi yo dituruti bae.

Kebanyakan layangan yo asike memang nek nggo sangkutan. Antara benang layangan siji karo benang layangan liyane disangkutke ning nduwur, sing biso nugelke benang layangan lawan yo kuwi sing menang.

Ben biso nugelke benang layangan liyo kudu nganggo taktik, disamping milih benange kudu sing ulet koyo merk kuda terbang utowo cap gajah sing nganggo gelok kayu. Juga kudu dilapisi bahan tertentu ben benang ketutup ben luwih kandel tur kasar ben bisa nugelke benang lawan.

Bahan sing nggo nglapisi benang kuwi jeneng gelasan. Benang kudu digelas ndisik sak durunge dienggo main. Gelasan biasane terdiri dari lem kak ( lem kayu ), lem gunane nggo nempelke serbuk beling nang benang, dicampur karo gilingan beling koco ditambahi pewarna ben menarik trus dighodhok. Trus benang sak gelok-geloke dicemplungke nang adonan gelasan kuwi trus di ler ben garing.

Benang sing wis digelas dadi kasar tujuane ben biso nugelke benang lawan, tangan be biso kebeler nek pas ngikal benang kuwi ning kaleng bekas roti. Tangane kudu di lapisi karo kulit sapi, ben ora kebeler.

Nek wis entuk benang gelasan trus kudu milih layangan. Milih layangan yo ora baen-baen si, tergantung soko coro dan taktike memainkan layangan pas disangkutke.

Strategi nyangkutke layangan ben menang ono pirang pirang coro. Antara lain main ambatan, nyonggo, utowo gotrekan.

Ambatan kuwi corone narik benang layangan sak kenceng-kencenge begitu keno benang lawan. Nek main ambatan kudu milih layangan sing ora gegeden ben lincah milih bagian benang sing merupakan kelemahane layangan, yoiku bagian sing cedhek tali guci.

Nek nyonggo biasane nganggo layangan sing ukurane gedi antara setengan nganti sak meter tinggi ben benange manteng kenceng. Layangan diperikke nang musuh lewat ngisor trus nek wis keno benang musuh trus disonggo, layangan diangkat menduwur, karo di ulur sitik ben ono gesekan nggo nugelke benang lawan. Main layangan coro kuwi kudu modal benang sing dowo, paling ora rong kelos. Mergo sing diincer biasane layangan cilik-cilik sing ono ning ngarep sing adoh-adoh.

Ono meneh coro sing akeh di dianut poro penggemar layangan yoiku gotrekan. Nek wis keno benang lawan trus layangan digotrekke digawe muter-muter, tujuane yo dipenteng ben layangan musuh kegowo trus dadi tidak berdaya, benang lawan dadi nekuk trus dadi rantese benang mau.

Ono kepuasan tersendiri nek bisa ngalahke lawan-lawane, sekedar hobby, ora sitik wong-wong sing nduwe modal nggawe loteng ning ngomahe mung nggo main layangan thok. Wong sing sugih nduwe modal, biasane pesen layangan sing gambare khusus sesuai selera lan kepribadianne sing nduwe.

Gambar-gambar layangan macem-macem tapi ketoke wis dadi pakem, ono sing jenenge pupuk (sudut bagian nduwur diblok warna tertentu), jalu (bentuke koyo jalu ayam digambar dari ujung kiwo utowo ujung tengen), Jalu tarung (jalu sing ono di kiwo karo tengen), jalu pupuk (jalu sing digambar soko sudut atas), selendang (semacam pita digambar koyo pita di sisi kiwo/tengen), moto/koco moto (lingkaran), pojokan (tiap sudut layangan diblok warna tertentu), slendang jalu (perpaduan jalu karo slendang), jalupupuk (perpaduan jalu karo pupuk), kalung (gambar sing nyambung dari ujung kiwo tekan sudut tengen) lan liya-liyane. Ketoke jarang ono gambar layangan sing nyimpang soko pekem kuwi … ora kreatif ho ….

Mongso ketigo nek wis bar panen khan akeh sawah-sawah sing kosong setelah dipanen tur durung ditanduri meneh. Lahan-lahan kosong kuwi biasane dienggo lomba layangan, nganggo system gugur, sing menang terus entuk hadiah wedus utowo pit, tergantung panitia.

Cah-cah sing ora nduwe cukup modal yo ono carane ben entuk layangan. Mung gawan pring karo sangkrah dipasang ning ujung pring mau nggo ngrayah layangan sing tugel utowo kalah tarung. Sangkrah kuwi terdiri dari ranting-ranting garing trus disusun dipasang nang ujung pring mau, nek ono layangan tugel sangrah diputer ben benange sak layangane nyangkut nang sangkrah kuwi. Nek pas ono layangan tugel cah-cah mau do rayahan, biasane yo sing entuk sing nduwe gantar / pring sing paling dowo.

Nek ono layangan tugel khan benang dadi klangsah mengisor, nang gendeng utowo nang wit-witan. Ono juga cah-cah sing nakal benang bekas layangan sing tugel dicantolke utowo disangkutke ning sesuatu, dadi susah ditarik. Nek dipekso yo dadi tugel. Lah tugelane mau dijupuk dienggo layangan nganggo layangan sing entuk soko rayahan layangan tugel.

Ono meneh sing luwih jahat, benang layangan sing wis tugel mau sengojo disangkut nganggo sangkrah, trus ditarik nganti tugel. Perbuatan sing ora terpuji kuwi mau jenenge ngebreng. Oran sithik wong sing kroso dibreng marani nggon sing kiro-kiro benange dibreng mau. Tapi biasane cah sing ngebreng wis mlayu.

Blekupon, memang jarang wong sing biso nggawe blekupon iku, disamping luwih likrik tur keseimbangan karo teknik liyane kudu dikuasai. Blekupon kuwi semacam alat sing digawe soko rautan pring trus dilapisi kertas minyak, koyo nek pak nggawe layangan, tapi bentuke bunder loro kiwi tengen. Blekupon di pasang nang benang sing wis ono layanange nang nduwur. Blokupon mau biasane biso diengo nggowo mainan sing arep diculke neng nduwur. Blekupon sing dibuka sayape sing berbentuk bunder mau keno angin mumbul menuju layangan sing ning nduwur. Nek wis tekan nduwur benang layangan disentak utowo ditarik, bersamaan dengan itu blekupon ngeculke mainan soko nduwur, lan sayap blekupon dadi mencingkup dadi trus mrosot mudun ora katut angin meneh. Mainan sing diculke blekupon biasane ya pesawat-pesawatan, terjun payung, doro-doronan utowo yo mung kertas sing di suwir-suwir.

Nek nang Bali utowo daerah lain ono lomba apik-apikan bentuk layangan, nangopo lomba sangkutan layangan ora di usumke meneh nang Pekalongan, mesti srame …


Jakarta, 21 Desember 2010