Selasa, 13 April 2010

KALI LOJI

KALI LOJI
(Boso Pekalongan)

Siji-sijine kali sing ngliwati kota Pekalongan, sak ngertiku yo mung kali Loji. Wit soko Sapuro trus ngliwati Kauman, Kergon, Pesindon, Gambaran, sepanjang jalan Diponegoro sampek tekan ngeboom.

Sak durunge tekan ngeboom ono kali cilik sing bermuara nang kali iku yoiku kali sepucung, ono brook cilik sing cukup terkenal yoiku brook sepucung, kaline cilik tur karena wis sejajar karo permukaan laut dadi yo ketok ora jalan, mung koyo genangan tok.

Bruk sepcung iku mbiyek terkenal angker. Karena nggone sepi adoh soko perumahan tur peteng dadi ndadekke suasana tambah angker. Opo meneh dihubung-hubungke karo crito mistis Den Ayu Lanjar (Ratu Kidule pesisir Lor).

Jaman mbiyen pemukiman keluarga memang ora iso adoh soko kali. Karena pada dasarnya menungso memang ora biso lepas karo sing jenenge banyu utowo kali utowo kalen nek cilik,. baik banyune sing dienggo kebutuhan urip, utowo hasil ikannya sing biso dikonsumsi. Dadi, kuto-kuto sing cedak kali bisa jadi berawal dari kehidupan menungso sejak jaman mbiyen banget. Paling ora sak durunge ono sistem irigasi sing bisa nyebar alirane kali ben biso menjangkau tempat sing luwih ombo.

Nek musim ketigo, kali loji kuwi warnane biru kehijau-hijauan, ketoke tenang karena memang kemiringane memang ora pati nemen. Bedo karo nek wayahe musim udan kaline dadi warnane coklat, karena karo nggowo larutan tanah soko pegunungan sing kegowo udan.

Kali loji iku juga bisa dinggo alat transportasi pertanian soko hulu. Ning cedak deso Sapuro ono sing buka usaha pring / bambu. Pring-pring sing soko nduwur dirakit dadi gethek, trus mung dikelekke thok, karo ono wong siji sing njogo karo mengendalikan lakune pring utowo gehek iku nganggo tongkat.

AJAR NGLANGI

Mergo kali sing ketoke tenang lan adem kuwi ndadekke sopo wae kepingin nyemplung nek mangso ketigo. Ora kejobo sing nggawe crito iki. Dek jaman cilikanku ajar nglangine yo ning kali loji iku, tepate ning cedak jembatan kereta api sing ning jalan Kartini iku.

Awan-awan bar mulih sekolah khan biasane ada acara makan siang dan tidur siang. Pada waktu tidur siang iku, disaat omah sepi kuwi, ono kesempatan metu liwat tembok mburi. Biasane wis ono cah-cah liyo sing nduwe niat podo yoiku kungkum ning kali loji, utowo ajar nglangi, soale mbiyen durung ono kolam renang.

Sakdurunge mangkat biasane ono sing nggowo gedebok / wit gedang sing wis ditegor, nggo ajar nglangi.

Sak rombongan biasane ono cah papat tekan wolu, biasane yo ono sing dituakke sing wis pinter nglangi, mlaku kiro-kiro 1 km ngliwati brook sepur.

Sing ora biso nglangi tur ora nduwe niat sinau nglangi yo mung kungkum thok nang pinggiran sing cetek. Sangsoyo menengah sangsoyo jeru,nganti kedalaman maksimal yo sekitar rong meteran. Ning tengah-tengah kali ndilalah ono tanggul bekas nggo nggawe brook sepur sing iso nggo ngadeg tanpo harus berenang, nek ngadeg ning tanggul iku yo banyune kali dadi sak weteng. Tanggul iku sing ngerti posisine yo cah tertentu tok karena nggone nang tengah kali tur ora ketok soko daratan. Isone mung diraba-raba thok karo nganggo feeling.

Lha posisine sing ngajar nglangi kuwi ngadeg ning tanggul iku. Siji-siji gentenan cah-cah mulai ajar nglangi nganggo gedebok sing wis disiapke soko ngomah. soko pinggir kali tekan cah sing ngajari nglangi sing wis ngadek ning tengah kali. Ora diajari carane koyo opo, sing penting cah-cah mau biso jalan tekan tengah kali. Nek wis tekan tengah ditampani karo sing ngajar nglangi trus disurung bali meneh tekan pinggir.

Mbuh karena biasa mbuh karena nemu gayane dewe-dewe cah-cah mau suwi-suwi yo biso dewe. Patokane biso nglangi nek wis biso nyabrang kali ora nganggo gedebok. Gayane yo wis awur-awuran sing penting biso nyabrang.

Ajar nglangi kuwi biasane memang dilakukan pas musim ketigo, disaat banyu kali ketok bening karo aruse lemah, dadi oran ono bahaya kintir utowo hanyut.

Tahu kedaden, ndilalah aku dewe sing ngalami, pas aku nyabrang, critane wis biso nglangi sitik-sitik, pas tekan tengah ujug-ujug aruse dadi kuat, nganti aku berusaha sekuat tenaga cepet-cepet ben tekan sabrang. Yo bener si akhirne biso tekan sabrang, tapi karena kuatnya arus kuwi, aku kegowo kiro-kiro 20 meteran dari sebrang sing dadi tujuanku. Ngrusuk ninggone semak-semak. Yo iku kejadian sing ora terduga, nek udan ning gunung khan ora bisa di perkirakan, meskipun di musim ketigo. .... Slameeeeet slamet.

KOLEKAN

Yo jenenge be isih cilik, opo-opo pingin dicoba. Weruh kali sing tenang, tur bening (yo relatif kelihatan bening lah), nek pas panas-panas khan pengine dolan ning kali. Isih jaman semono isih akeh sing nduwe prau utowo sampan. Biasane yo dienggo angkutan sing cedak-cedak utowo nyebrang kali.

Prau kuwi biso di sewo nek pas ora dienggo. Sak prahu iso nggo wong papat, sak prahu disediakke rong kolek (kolek = dayung). Donge aturanne si kudu biso nglangi ndisik sak durunge nggowo prahu, kuatire nek ono opo-opo ning tengah kali. Tur meneh wong sing wis biso nglangi jarene bedho. Nek durung biso nglangi corone munggah prau be wis wedi-wedi, dadi marakke prau dadi ora imbang utowo oleng. Bedo karo sing wis biso nglangi munggahe biso tenang dadi malah bisa nggawe prahu seimbang,ora goyang.

Kolekan kuwi soko tembung kolek=dayung, dadi kolekan yo nunggang prau sing didayung, nganggo kolek/dayung. Sak ngertiku sing sering nyewakke prau nggone ning mburi cedak SMA sing ning jalan Kartini, deke nduwe ono beberapa prau.

Rutene prau memang terbatas, paling yo sepanjang kali iku. Sepanjang aku ngalami si paling adoh nek ngidul yo tekan jembatan Sapuro Grogolan, nek ngalor yo paling adoh tekan jalan Diponegoro.

Nek arah kidul memang rodo abot, soale nentang arus. Biasane memang paling enak yo arah ngalor, soale enteng ngikuti arus. Ora mikir baline dadi abot karena nentang arus.

Ing sak wijining dino, aku karo sedulurku (kakak dan sepupu) nyewo prau nggo kolekan nggo ngisi wektu libur. Sing nunggang ono wong papat, sing ngoleki wong loro gentenan. Soko mburi SMA trus ngalor, karena mengikuti arus dadi enteng, alon-alon karo ndeleng pemandangan kiwo tengen.

Dasar musim ketigo dadi aruse ora kenceng, howone juga semilir wis pokoke marakke ngantuk. Karo ngileng-ngileng pemandangan kiwo tengen, pemandangan sing jarang tak weruhe, dari mulai rimbunan wit-witan nganti tembok-tembok sing duwur koyo benteng.

Tembok duwur sing koyo benteng kuwi jare pancen digawe margo mbiyen akeh begal rampok sing lewat kali kuwi, karena dianggep luwih aman, mergo ora ono patroli polisi. Tur biasane mburi omah khan pertahanane keamanane khan pancen kurang. Kanggone begal rampok juga gampang mlayune seandainya konangan.

Omah-omah sepanjang gambaran tekan pasar sentiling pancen temboke duwur-duwur.

Wektu iku wis tekan jalan Diponegoro, selain wektune wis awan juga pemandangan wis ora pati menarik meneh karena wis nyedaki dalan Diponegoro. Setelah rembugan sedelo trus mbalik arah menuju tempat asal, ngidul nentang arus. Memang rodo abot si tapi karena ora ndowe pilihan, satu-satunya dalan mulih yu kuwi.

Nembe mlaku kiro-kiro seprapat jaman arah mbalik, ujug-ujug ono sesuatu ning ngarep prahu ning tengah-tengah kali.. Barang kuwi mandeg biarpun keno arus kali. Mbuh sopo sing ngomong pertama aku ra pati nggatekke tiba-tiba ono sing nggembor “ ...... boyo .....”. Lha ora dikon meneh langsung do panik ra, pak mlayu ora biso mlayu, pak mundur ngko malah adoh soko ngomah, akhire dengan sekuat tenaga cepet-cepet prau dikoleki minggir. Trus podo balapan munggah ndarat.

Ono wong sing nyuci ning pinggir kali yo di gembori “ mbok ..... ono boyo mbok...”. Karepe ben ngadohi kali kuwi ben ora dicaplok boyo. Mbok-mbok sing digembori tenang tok, mbuh ora krungu mbuh opo, dikirone khan ora krungu, digembori pisan meneh “ enten boyooooo mbok...”. Si mbok mau noleh, bar kuwi neruske nyucine.

Barang mau tetep mandeg, nentang arus kali, bentuke memang koyo congor boyo. Niate si ngadohi kali ben nek dioyak boyo gampalng mlayune.

Bareng wis tekan nduwur, karena penasaran trus mengo meneh, pengine ndelok posisine “boyo” mau. Jebul bareng didelok soko nduwur nembe kethok nek barang mau jebule dudu boyo, jebule semacam bekas wit klopo sing tegak ngadek soko dasar kali. Kabeh langsung do ngguyu kemekelen. Menertawakan dirinya sendiri.

Pas mau dong mangkat khan kearah ngalor, mungkin kaline isih rodo kebak dadi wit klopo mau durung kethok, alias klelep. Tapi bareng baline, mungkin pasokan banyu soko pegunungan wis rodo kurang dadi duwur permukaan kali mau rodo mudun. Akibate yo wit klopo sing tegak nang tengah kali mau muncul, nek didelok sejajar (ora soko nduwor) persis koyo moncong boyo ......

Bar kuwi mbuh karena trauma mbuh karena kesibukan masing-masing wis ora tahu kolekan meneh.

Huuuuuh


Jakarta, 12 April 2010


SUNGAI LOJI

Satu-satunya sungai yang melewati kota Pekalongan, setahu saya hanya sungai Loji. Dimulai dari Desa Sapuro terus melewati Kauman, Kergon, Pesindon, Gambaran, sepanjang jalan Diponegoro sampai ke pantai.

Sebelum sampai pantai / ngeboom ada sungai kecil yang bermuara di Sungai Loji, yaitu kali Sepucung, ada jembatan kecil yagn cukup dikenal yaitu jembatan Sepucung, sungainya kecil juga karena posisinya sejajar dengan permukaan laut jadi tidak ada arus, hanya seperti genangan saja.

Jembatan Sepucung itu dulu terkenal angker. Karena letaknya sepi dan jauh dari perkampungan, selain itu gelap, hingga menjadikan suasana jadi tambah angker. Apalagi dihubung-hubungkan dengan ceritanya Den Ayu Lanjar (Ratu Kidulnya psisir Utara).

Jaman dahulu pemukiman keluarga memang tidak bisa jauh dari sungai. Karena memang pada dasarnya manusia tidak bisa jauh dari air atau sungai. dari mulain airnya ygn untuk kebutuhan hidup seperti memasak atau hasilnya yan gbisa dikonsumsi. Kota-kota yang dekat dengan sungai bisa jadi berasal dari sejak manusia jaman dulu sekali. paling tidak sebelumditemukannya istem irigasi yang bisa menyebarkan air ke wilayah yan glebih luas.

Kalau mism kemarau, sungai itu berwarna biru agak kehijauan, kelihatannya tenang karena memang kemiringannya yang tidak begitu miring. Beda dengan dimusim hujan, sungainya berwarna coklat, karena membawa lumpur sewatu hujan.

Sungai loji, juga bisa buat alat transportasi pertanian dari hulu. Penjual /petani bambu kalau mengirimkannya ke agen hanya menghanyutkan saja bambu itu dengan cara diikat menjadi suatu gethek, dan dikendalikan oleh satu orang yang membawa tongkat panjang.

BELAJAR BERENANG

Karena kalinya kelihatan jernih dan tenang maka menjadikan siapa saja ingin berendam apabila musim kemarau. Tanap kecuali yang mebuat cerita ini. Pada jaman kecilku belajar berenang di sungai itu, tepatnya di dekat jembatan kereta api di Jalan Kartini.

Sing-sing setelah pulang sekolah biasanya ada acara makan siang dan tidur siang. Diwaktu tidur siang inilah kondisi rumah sedang sepi, maka ada kesempatan keluar rumah melewati tembok belakang rumah. Biasanya ada anak-anak yang punya niat sama yaitu berendam di kali, atau belajar berenang. Soalnya dulu di Pekalongan belum ada kolam renang.

Sebelum berangkat biasanya ada yang membawa batang pisang yang sudah diambil buahnya, untuk belajar berenang.

Rombongan biasanya ada empat sampai delapan anak, biasanya ada yang dituakan yang bisa berenang. Jalan kaki sekitar 1 km melewati jalan jembatan kereta api.

Yang tidak bisa berenang dan tidak punya niat belajar hanya berendam saja di pinggiran kali yang dangkal. Agak ketengan kali semakin dalam sampai kedalaman maksimal sekitar 2 meteran. Di tengah-tengah kebetulan ada tonggak yang bisa buat berdiri tanpa harus berenang,jika berdiri ditonggak itu ketinggian airnya seperut. Tanggul itu posisinya hanya ornag tertentu saja yang tahu, karena tidak kelihatan dari luar, hanya bisa diraba-raba saja.

Posisi pengajar renang adalah berdiri di tonggak itu. Anak-anak gantian diajar renang, dengan cara memakai batang pisang yang sudah dibawa tersebut dari pinggir menuju ke tempat orang ditengah kali itu dengan menggunakan batang pisang. Tidak diajar cara dan metoda apapun, asal bisa maju saja sudah dianggap bisa, Setelah sampai ditengah disambut oleh anak yang ngajar renang tai dankemudian diorong lagi sampai ke pinggir, begitu gantian dan berulang-ulang.

Entah karena biasa atau karena mereka menemukangayanya sendiri-sendiri akhrinya bisa juga tuh. Dengan gaya yang tidak teratur, Asal sudah bisa nyebrang sungai bearti sudah bisa dianggap bisa.

Belajar berenang biasanya dilakukanpas musim kemarau. disaat arus air tidak kencang jadi tidak kuwatir terbawa arus sungai.

Pernah kejadian, kebetulan saya alami sendiri, sewaktu nyeberang karena baru bisa berenang, sewaktu berada ditengah tiba-tiba arusnya jadi kuat, sampai berusaha sekuat-kuatnya untuksampai keseberang. Ya memang akhirnya sampai juga ke seberang, tapikarena kuatnya arus tersebut akhirnya terseret sekitar 20 meteran dari tempat yang menjadi tujuan saya. Samai disemak-semak. ya itu kejadian yag tidak terduga, kalau hujan di pegunungan siapa yang tahu bahkan musim kemaraupun bisa juga.

MENDAYUNG

Ya namanya masih kecil, semuanya serba pengen mencoba, melihat sungai yang tenang dankelihatan bersih (menurutku waktu itu) di saat panas seperti ini penginnya sih mainnyadi deket sungai. Waktu itu memang masih banyak yang mempunyai prau kecil.

Prau tersebut biasanya disewakan apabila tidak di[akai sendiri.

Setahu saya dulu yang menyewakan prau dan mempunyai beberapa adanya di belakang SMA yang di Jalan Kartini.

Route perjalanan kalau ke arah selatansampai dengan jembatan Grogolan seddangkan kalau sampai ke Utara paling jauh sampai jalan Diponegoro.

Kalauk e arah selatan memang lebih berat mendayungnya karena menentang arus.

Suatu ketika bersama saudara, menyewa prau untk mengisi waktu libur. Kami berempat mulai rute dari belakang SMA ke arah Utara berarti mengikuti arus, jaan pelan-pelan sambil menikmati angin sepoi-sepoi dan pemandangan yang lain dari yang lain, dari muali pohon-pohon yang rimbun sampai ke bangunan-bangunan yang kadang-kadang menemukan rumah dengan tembok dinding yang sangat tinggi dan kuat.

Tembok tinggi seperti benteng itu dibuat memang untuk menghindari orang-orang jahat memasukirumahny adri belakang rumah, karena biasanya sering juga tamu yang tidak diundang lebih sering datangnya dari arah sungai karena dianggap lebih aman pbagi para penjahat, karena jarang ada patroli polisi.

Rumah dari pasar Sentiling hingga jalan Diponegoro temboknya tinggi-tinggi.

Setelah sampai sekitar jalan Diponegoro kami memutuskan untuk embali, agak berat memang kayuhan dayungnya kaena menentang arus.

Seteah perjalanan seperempat jam arah kembali, tiba-tiba ami melihat sesuatu dihadapan kami, ditengah-tengah kali, barang itu diam biarpun kena arus sungai. Entah siapa yang berterian pertama aku nggak begitu paham “ ..... bauayaaaa “. Lah langsung saja kami panik diatas prau ini, mau lari nggak bisa mau jalan mundur malah menjauhi rumah, Akhirnya dengna panik kami menepi.

Ada ibu-ibu sedang mencuci pakaian dipinggir kali itu langsung kamiteriaki “ ...... bua ada buayaaaa....” Ibu-ibu masih tenang saj mencuci pakaian. karena khawatir orang itu tidak dengar maka diteriaki lagi ibu-ibu iu dengan suara ang lebih keras “ buuuuu ...... ada buayaaaaa .....” Maksudnya agar ibu-ibu itu menjauhi pinggiran kali itu. Ibu-ibu itu menoleh sebentar tetapi dengan tenangnya terus mencuci pakaian.

Kami segera menjauhi pinggiran sungai itu memanjat kearah atas menjauhi sungai.

Setelah dari atas dari posisi agak atas, kami baru melihat dengan jelas benda yang kami kira buaya itu, dari atas kelihatan bahwa benda itu adalah sebatang kau atau tonggak yang tegak tertanam di tengah sungai. Memang dari arah yang sejajar nampak seperti moncong buaya.

Pada waktu berangkat memang air sungai relatif lebih sehingga batang kayu yang seperti buaya itu tenggelam, Setelahkembali kebetulan air agak menyusu lebih rendah jadi kayu itu muncul, persisi seperti moncong buaya.

Setelah peristiwa itu, entah karena trauma atau karena kesibukan atau kaena apa kai sudah tidak pernah mendayung lagi.

Huh


jakarta 12 April 2010

5 komentar:

Unknown mengatakan...

xloji saiki mas wis koyo duduh sotong ,dadi nek sampeyan nglangi saiki nang xloji coke tok bisa dadi sotong.koncomu pekalongan.

Unknown mengatakan...

mas gunarso apabetul adiknya guntoro.salam kangen.

Unknown mengatakan...

Aq duwe gagasan lho mas untuk normalisali air xloji,apakah mas gunarso akan ikut mendukung?.supoyo nek sampeyane pingin nglangi maneh nang xloji ora kuatir dadi sotong.

Unknown mengatakan...

Normalisasi H2OX[oi],mocone air xloji.wis cepet cepet daftar dadi relawan Normalisasi H2OX[oi].

Unknown mengatakan...

H2OX[oi] = air kali loji Pekalongan jateng.